KONTAK PENCARIAN

cerkak bahasa jawa

RUMANGSA SENENG SEKOLAH NING SMKN 6 SURAKARTA
Aku sekolah ning SMP 12 SKA. Aku saiki kelas 3 lan arep ujian, mulanne aku kudu sinau sing sregep lan temen ben biji ujian nasionalku apik. Sakwise lulus SMP aku pengen neruske sekolah, tapi aku durung ngerti arep sekolah ning ngendi?. Pancen aku durung ngerti pengen sekolah SMA utawa SMK sing tak pengen. Aku nyoba golek – golek informasi saka kanca, guru, lan internet. Nanging Ibuku ngendhika “nduk, kowe mbok sekolah SMK wae, ben ndang iso kerja lan mbantu wong tuwa”. Terus tak jawab “ Nggih Bu, kula nggih pengen teng SMK mawon, naming kula taksih bingung ajeng teng SMK pundi?”. Bapakku ngendhika “Bapak yo setuju nduk yen kowe sekolah ning SMK, nanging kowe pengen njupuk jurusan apa?”. Tak jawab “Kula nggih dereng ngertos ajeng mendhet jurusan napa?”.
Banjur mas sepupuku kandha ngene “nduk sarane mase kowe njupuk jurusan multimedia wae“. Terus tak jawab “tapi jurusan multimedia kuwi pelajarane tentang opo wae mas?”. Mas sepupuku njawab “ yo nak jurusan multimedia kuwi pelajarane berhubungan karo teknologi lan ndesain, kowe iso nuangke kreativitasmu tapi yo kudu nduwe alat – alat koyo komputer”. Aku njawab “ ouww…, sekitar ngono kuwi”. Masku “Tapi kowe kudu niat nek ameh mlebu SMK opo meneh nek kowe ngko njupuk jurusan multimedia mergane PR lan tugase akeh tapi nak kowe bener- bener niat mase yakin kowe bakalan iso”. Sakwise dikandhani masku aku dadi pengen sekolah SMK njupuk jurusan multimedia”.
Terus aku mlaku – mlaku karo kanca golek info pendaftaran SMK lan persyaratane. Nanging aku durung nemukke sekolah SMK sing tak karepake amarga durung enek jurusan multimedia. Banjur aku golek informasi saka sekolah liyo sing cedhak karo SMP ku yaiku SMKN 6 Surakarta. Aku ning kono langsung njaluk info pendaftaran lan persyaratane. Jebule aku lagi ngerti nak ning SMKN 6 ana jurusan multimediane lan SMKN 6 wes kalebu sekolahan sing apik lan favorit ning Solo. Lan wektu iku aku dadi kepincut pengen mlebu sekolah ning kono.
Aku kandha karo Bapak lan Ibuku menawa aku pengen sekolah ning SMKN 6 njupuk jurusan multimedia. Aku “Bapak lan Ibu napa panjenengan setuju menawi kula daftar sekolah teng SMKN 6 mendet jurusan multimedia ?”. Bapakku “Bapak lan Ibu setuju wae asal kowe seneng lan kudu sekolah sing sregep!”. Aku “ nggih Bapak lan Ibu”.
Bulan Juli aku wes dinyatakke lulus SMP lan biji ujian nasional SMP lumayan apik. Let pirang minggu, aku langsung daftar sekolah ning SMKN 6 Surakarta lan njupuk jurusan multimedia. Banjur aku melu tes persyaratane, test meliputi test kesehatan lan psikologi. Pertama aku melu test kesehatane jebule antrianne akeh banget. Bar melu test kesehatan aku langsung melu test psikologi pas melu test’e sirahku mumet banget dadi aku nggarap test’e ra konsentrasi blas. Aku dadi wedi mlebu opo ora mergane pas test mlebu kuwi ora tak garap tenanan.
Pengumuman diterima opo ora 3 dina ngkas. Aku deg – degan banget ngenteni hasil pengumumanne amarga sainganne lumayan akeh lan angel. Saben dina aku ndelok jurnal ning SMKN 6 karo bapakku. Akhire pas pengumumane hari ke 3 aku ndelok, syukur alhamdulilah atiku seneng banget amarga aku ketrima ning SMKN 6. Bapak lan Ibuku seneng banget. Aku bakal janji lan berusaha aku arep sekolah sing sregep lan temen ojo nganti nguciwakake marang wong tuwo.

                                                      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar